Minggu, 27 Maret 2011

blangkrak'an

sepiro gedhene sengsoro ora luweh gedhe soko godhong mentoro..........''''''''

Senin, 07 Maret 2011

semilir angin wayah wengi nggawa rasa jroning ati
rasa kang ora bisa diwedhar kanthi weninging nalar
saben-saben mung tansah kelingan
pengin tansah sesandhingan
hanut runtung reruntungan
kadya mimi lan mintuna
gandeng renteng rerentengan
pindha kamanjaya lan kamaratih
dewa dewining asmara
bebarengan sesandhingan
mecaki endahing dina-dina swarga donya
cah ayu
marang sliramu arah pangarasaning atiku tumuju
wanodya kang pindha dewi supraba
sekaring para dewa widhara

    Witing trezzno jalaran soko kulino.....!!!!!!